Tugas Daring Bahasa Jawa Kelas 7, 8 dan 9..

Tugas Daring Bahasa Jawa Kelas 7, 8 dan 9, Kamis 16 April 2020.

/

#Kelas 7

Anggerku

(Yanik Agus Setyaningsih)

 /

Ngger,

Biyung nyuwun ngapura

Ora bisa dadi biyung kang sampurna

Ora bisa nglegakne atimu_Ngger,

Uripku kebak kaluputan

Ngiwa luput, nengen luput

Rumangsaku aku wis manut

Bangun turut karo sing jare winasis

Nanging nyatane isih tetep luput lan diluputne

Lara atine biyung, ngge

Kepengin crita wae,

Ora enek sing gelem krungu

Apa maneh sambat, mung arep digeguyu

Kabeh wis ora percaya karo biyung

Kabeh ki nyatane ngapusi

Nanging biyung isih tetep percaya, ngger

Mung siji sing ora bakal ngapusi

Gusti Kang Maha Agung

/

Tugas :

  1. Punapa isi/piweling geguritan menika?
  2. Golekana tembung – tembung kang angel lan tegesna!
  3. Ditulis ing buku tugas!

/

#Kelas 8

Lintang Panjer Rahina

(Slamet_SA)

Geguritan Bahasa Jawa Tema Lingkungan Lintang Panjer Rahina

Nalika bumi isih sepi

Lintang panjer rahina wis tangi

Menehi Pepadhang sagung dumadi

Kang wiwit gumregah ngupaya rejeki

Para among tani wis ndalidir mecaki galengan

Mbok bakul sinambiwara wus sengkut makarya

Para ngulama tumungkul mengestu puja

Para santri wiridan ngaji

Jago kluruk sesautan

Melu tasbeh marang pangeran

Ndonya wis gagat rahina

Maringi kalodhangan janma ngupadi pangupajiwa

/

Tugas :

  1. Punapa isi/piweling geguritan menika?
  2. Golekana tembung – tembung kang angel lan tegesna!
  3. Ditulis ing buku tugas!

/

#Kelas 9

Rumangsaku
(Roewandi)

rumangsaku kabeh uwong mesthi
kudu ngerti benere dhewe
amung luput salahe
kang tumiba janma liya

padha anggega kersane pribadhi
ngugung nguja luntaking angkara
yen kepagol asesanti
rawe-rawe rantas malang-malang putung
singa lena nemahi pralaya

katon wewentahan ujaring kandha
napsu angedhaton ing ati
rasul lan malaikat ora kasat mata
banjur buteng mbregudhul ora ngerti
anggering tata suba sita lan agama

nek atine kagol kepantong liyan
embuh ora ngerti eling
tutur muni saujar dadi ganjelaning ati
ora perduli embuh salahe
nanging rumangsaku luwih entheng mayang ing ati

dadi luber ajur mung kadi maruta
ganjelaning ati kaanggep sesendhon
tinambahan eling marang
lajer kang tinandur Gusti
kanthi mangesthi sesanti aku kabeh kalepotan luput

/

Tugas :

  1. Punapa isi/piweling geguritan menika?
  2. Golekana tembung – tembung kang angel lan tegesna!
  3. Ditulis ing buku tugas!

/

Guru Mata Pelajaran

/

Uswatun Chasanah, S.Pd.

Suwarnyoto, S.Pd.

/

/

/

/

/

/